(rindu) Titik Temu

Padhange rembulan ing wengi iki
Rikala bulan sunar dadar.i
Agawe lingseme ati kang nandang branta
Dadya ndrada ing jroning ati
Saben wanci, ing pikir amung kelingan
Abot.e rasa mring kusumaning tyas
Minangka prasetya tak antepke rasaku
Mung kanggo siro memaniking ati

Lintang kemukus tansah anyekseni
Nandang lewung tan bisa mari
Nderek kersaning Gusti
Netra tan bisa merem
Ati tan durung marem
Yen durung kasembadan
Sumunar.e lampu kapal
Amung agawe apal
Kabeh amung kasimpen
Jroning batin

Peltim, 26 Desember 2019

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Smart City di Denpasar

Tunakarya

Tentang kamu